Kembali

1. Jinise Karangan

Miturut jinise karangan wujud gancaran iku ana lima warna, yaiku narasi, deskripsi, argumentasi, eksposisi, lan persuasi. Dene karangan gancaran yaiku karangan kang arupa rerangkene ukara-ukara kang kaiket ing sajeroning paragrap.

2. Wacan Narasi

Teks narasi yaiku wacan kang nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa kasebut. Bisa uga ditegesi wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening kedadeyan utawa prastawa ing sajroning wektu tartamtu.

GLADHEN

Tugas Mandiri

Petunjuk: Turunan lan wangsulana 16 pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis ing buku tulismu!
  1. Miturut teks wacan, ana pira warna wujude karangan gancaran iku? Sebutna!
  2. Apa kang diarani karangan gancaran miturut katrangan ing dhuwur?
  3. Jelaske apa sing dimaksud karo gancaran narasi!
  4. Kepiye carane nyritakake samubarang prastawa ing sajroning gancaran narasi?
  5. Sebutna tuladha-tuladha karya sastra utawa karangan kang kalebu jinis gancaran narasi!
  6. Coba sebutna 4 wae tuladha crita pengalaman pribadi sing bisa didadekake gancaran narasi!
  7. Apa titikane utawa tegese saka karangan gancaran deskripsi?
  8. Apa isine karangan gancaran argumentasi iku yen didelok saka teks kasebut?
  9. Kena apa karangan argumentasi kudu dikantheni alesan utawa bukti sing kuwat?
  10. Apa tujuane panulis nggawe karangan argumentasi kanggo wong sing padha maca?
  11. Jelaske apa sing diarani karangan gancaran eksposisi!
  12. Apa gunane utawa paedahe gancaran eksposisi kanggo wong kang padha maca?
  13. Karangan apa sing nduweni ancas utawa tujuan menehi pangaribawa (pengaruh)?
  14. Apa tujuane pengarang nggawe jinis karangan gancaran persuasi?
  15. Apa sing diarani wacan narasi miturut katrangan nomer 2?
  16. Kepiye kahanan utawa rasane pamaca nalika maca teks narasi sing becik?
Materi Sadurunge